Ramayana
Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana
tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah,
saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan,
ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang,
Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener
dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana,
gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang
kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih
asesambat mring arinta Laksmana.
Sinta lan Laksmana ingkang hanganti dhatenging
ingkang raka Rama dinandak hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri.
Kusumaning ayu Sinta sajroning wardaya, hanyipta lamun swara ingkang kapiyarsa
punika, tuhu swaranipun raka Rama, mila tarataban manahira, sigra dhawuh mring
ari Laksmana, supaya enggal lumawat mring Rama, aweh pitulungan, Laksmana ingkang
wicaksana tansah sung pemut, bilih swara punika sanes suwarnipun Rama.
Saiki, Rama sadar menawa dheweke wis ketipu. Dheweke
gage-gage bali ing panggon Sinta ngenteni. Ing dalan dheweke papasan karo
Laksmana, banjur dheweke bali bebarengan.
Endah kagete Rama lan Laksmana menawa Sinta wis kasil dicolong Prabu
Dasamuka.
Manuk Jatayu mbudidaya ngalang-ngalangi malah
tekaning pati kaperjaya dening gegamane Rahwana, lan Sinta bisa digawa menyang
Ngalengka. Sadurunge mati Jatayu isih bisa ngabari Rama lan Laksmana tumrap
kaanane Sinta. Amarga gugur njalanake darmane, Rama lan Laksmana nyuwun marang
Sang Kuasa supaya gugure Jatayu bisa
sempurna. Awit saka panyuwune Rama lan
Laksmana, Jatayu bisa gugur secara moksa. Awake melu ilang lunga ing Suarga.
Ing perjalanan menyang Ngalengka, Rama lan Laksmana
ketemu karo Anoman kethek putih putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi
karo Rama.
Nalika, ing tengahing alas, padha mireng suara
tangis. Sawise diceraki, swara iku saka kethek ingkang kejepit ing silangan wit
gedhe Rama banjur nulungi kethek iku saka jepitan. Kethek iku ngaku menawa
dheweke iku Raja ing Guwakiskendha, sing jenenge Sugriwa. Kakange sing jenenge
Subali mbrontak karo Guwakiskendha, banjur dheweke di siksa lan dijepit ing
silangan wit. Lajeng kanggo ngrebutke Guwakiskendha, Sugriwa padu karo Subali, Rama nglepaske
wastra pusaka Gumawijaya. Dening Resi Subali nduweni Aji Pancasona, dheweke
tetep kalah. Kanthi dibantu Rama, Sugriwa bisa dadi Raja maneh ing Guwakiskendha.
Kanggo bales budi, Sugriwa ngerahke wadyabalane
kanggo mbantu Rama ngrebut Sinta saka Prabu Dasamuka. Anoman didhawuhi Rama
supaya nggoleki Sinta menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne
Kerajaan Ngalengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadya bala Ngalengka. Anoman
arep diobong nanging banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Ngalengka, kajaba taman
Argasoka, panggon Sinta didhelikake.
Akhire, kedadean perang gedhe Pancawati mungsuh karo Nglengka.
Wadya balane Ngalengka wujud buta-buta lan wadya balane Rama
dibiyantu kethek-kethek balane Sugriwa, Senapati Nglengka akeh sing tiwas. Pancawati menang.
Sawise perang Rama lan Shinta bali
menyang Ayodya, Nanging Sinta susah ora enggal ketampa dening Rama, amarga
dianggep wis ora perawan maneh. Sinta reresik awak saka geni lan banjur
ditampa. Pratelane Rama, sesucen iku kudu ditindakake kanggo ngilangi pandakwa
ala tumrap garwane.
0 komentar:
Posting Komentar